Khutbah Bahasa Jawa

Naskah Khutbah Jum’at Basa Jawa – JIMAT AGAWE CILAKA

-::- Jimat Agawe Cilaka -::-

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ.

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. أَمَّا بَعْدُ:

فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صلى الله عليه و سلم, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.

Sedaya puja pangalembana konjuk wonten ngarsanipun Allah. Dzat ingkang sampung nyipta, ngreksa lan murba masesa mobah musiking jagad saisinipun.

Shalawat sarta salam mugi tansah katetepna kaparingna kagem panutaning umat, mustikaning jagat, panjenenganipun kanjeng nabi agung Muhammad shalallahu alaihi wa sallam, para kulawangsa, para sahabat lan para pendherekipun ngantos dumugi puputing jaman. Amin ya Rabbal alamin.

Ma’asyiral muslimin rahimani wa rahimakumullah. Jamaah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala.

Wonten kalodhangan dinten ingkang minulya punika. Khatib tansah ajak ajak diri pribadi kula piyambak sumrambah para jamaah sedaya supados tansah ningkataken iman lan taqwa. Saha tansah ngaturaken raos puja syukur wonten ngarsanipun Allah ta’ala.

Awit kanugrahan peparingipun Allah ingkang sakelangkung kathah. Tansah dipun paringaken kagem kula panjenengan sedaya, rinten kelawan dalu. Boten nate pedhot, boten nate lali. Allah ta’ala dhawuh :

وَاذْكُرُوا إِذْ أَنتُمْ قَلِيلٌ مُّسْتَضْعَفُونَ فِي الْأَرْضِ تَخَافُونَ أَن يَتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَآوَاكُمْ وَأَيَّدَكُم بِنَصْرِهِ وَرَزَقَكُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

“Elinga nalika cacah ira sithik lan ringkih ana ing salumahing jagat. Sira kabeh padha wedi dikalahake dening mungsuh.

Banjur Allah maringi pengayoman lan pitulungan marang sira kabeh. Lan Allah maringi sira rejeki sing suci supaya sira kalebu golongane wong wong kang tansah syukur.” (QS Al Anfal : 26).

Wonten ayat sanesipun Allah ta’ala ugi paring dhawuh :

وَاللَّهُ أَخْرَجَكُم مِّن بُطُونِ أُمَّهَاتِكُمْ لَا تَعْلَمُونَ شَيْئًا وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۙ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ

“Lan Allah agawe sira lair jumedhul saka wetenge biyung ira kanthi kahanan ora ngerti apa apa. Banjur Allah maringi pangrungu, pandeleng lan ati marang sira. Supaya sira dadi golongane wong wong kang tansah syukur.” (QS An Nahl : 78).

Salajengipun kula panjenengan sedaya pinangka umat Islam. Umatipun kanjeng Nabi Muhammad shalallahu álaihi wa sallam. Anggadhahi kewajiban manembah, ngibadah, nyuwun pengayoman, nyuwun rejeki, ngaturaken pandonga namung dhumateng Allah taála kemawon, thok thil.

Menawi wonten tiyang ngibadah dhumateng Allah, ananging kala mangsa piyambakipun ugi nyuwun pengayoman dhumateng sanesipun Allah. Nyuwun rejeki dhumateng sanesipun Allah. Anggadhahi kapitadosan bilih jimat saged anjalari kabegjan, saged nyebabake laris anggone dodol, ateges piyambakipun sampun tumindak syirik.

Menawi wonten saperangipun umat Islam nindakaken pangibadahan kagem Allah. Ananging piyambakipun ugi tasih nggunakake jimat ateges piyambakipun sampun tumindak syirik. Sebab Allah kemawon ingkang saged maringi rejeki, Allah kemawon ingkang saged ngudhunake udan saking langit, nuwuhaken tetanduran. Allah kemawon ingkang saged maringi balak, bebendu, musibah lan sapanunggalanipun. Namung Allah taála sawiji ingkang murba masesa jagad saisinipun.

Pidhendhan lan dosa menapa ingkang badhe dipun tampi dening tiyang ingkang wani tumindak syirik? Kapitunan menapa ingkang badhe dipun sandhang dening piyambakipun ?

Wangsulanipun Allah boten maringi pangapunten dhumateng tiyang ingkang tumindak syirik. Allah taála dhawuh wonten salebetipun Al Quran, kitab suci umat Islam :

إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَنْ يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَلِكَ لِمَنْ يَشَاءُ وَمَنْ يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَى إِثْمًا عَظِيمًا

“Yekti Allah ora bakal maringi pangapura marang wong kang tumindak syirik. Lan Allah maringi pangapura marang dosa saliyane syirik, kanggone wong kang dikersakake dening Allah. Sapa nindakake kesyirikan yekti dheweke wis nindakake dosa sing paling gedhe.” (QS An Nisa’: 48).

Sanesipun menika, menawi wonten tiyang Islam tumindak syirik, ngingu pesugihan, ngopeni jimat. Sae menika rupa gelang, kalung, lulang macan, kulbuntet lan sapanunggalanipun. Utawi rajah arupi tulisan arab ingkang dicampur kalih simbol simbol. Lan ngantos dumugi seda piyambakipun boten tobat dhumateng Allah. Bakal sirna, lebur, ajur sekabehe amal ibadah ingkang sampun dipun tindakake, muspra sia sia tanpa guna lan paedah.

Bebasan wonten tiyang niba tangi, rekaos madosi madu wonten satengahe alas sekedhik baka sekedhik. Ngantos angsal madu sagenthong kathahipun. Ananging bibar niku, madu segenthong kalawau kecemplungan wisa, kecampuran racun senadyan namung setetes, rong tetes. Muspra madu segenthong gara gara racun setetes. Unen unen salebetipun Bahasa Indonesia ngendikakake : “Gara gara nila setitik rusak susu sebelanga. Allah taála dhawuh :

لَئِنْ أَشْرَكْتَ لَيَحْبَطَنَّ عَمَلُكَ وَلَتَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

“Menawa sira tumindak syirik, yekti bakal muspra sekabehe amalmu. Lan sira kalebu perangane wong wong kang tuna utawa bangkrut.”(QS Az Zumar : 65).

Para jamaáh sedaya ingkang tansah dipun rahmati dening Allah taála. Dinten punika kula panjenengan sedaya nembe mapan wonten salebetipun pangesangan alam donya. Tasih pinaringan jatah yuswa, tasih saged nyawang padhangipun srengenge. Tasih pinaringan kesempatan kagem mertobat dhumateng Allah ta’ala.

Mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane. Pramila mangga sami ngathah ngathahaken ibadah lan amal kesaenan. Sampun ngantos amal kula panjenengan sedaya ical muspra sia sia tanpa guna gara gara tumindak syirik. Gara gara jimat, rajah, pesugihan lan sapanunggalipun. Kedah dipun tilar, kedah dipun tebihi sedaya tumindak syirik supados kula panjenengan sedaya benjang kalebet golonganipun tiyang ingkang dipun akeni dening Nabi pinangka umatipun. Lan badhe dipun suwunaken syafaat dening kanjeng nabi shalallahu alaihi wa sallam wonten ngarsanipun Allah benjang wonten panggesangan alam akhirat.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ يغفرلكم إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH KAPINDHO

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لۤا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.

Ma’syiral muslimin rahimakumullah. Kaum muslimin jama’ah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah.

Nate dipun sebat wonten satunggalipun hadits ingkang shahih :

أَنَّ النَّبِىَّ -صلى الله عليه وسلم- أَبْصَرَ عَلَى عَضُدِ رَجُلٍ حَلْقَةً أُرَاهُ قَالَ مِنْ صُفْرٍ فَقَالَ « وَيْحَكَ مَا هَذِهِ ». قَالَ مِنَ الْوَاهِنَةِ قَالَ « أَمَا إِنَّهَا لاَ تَزِيدُكَ إِلاَّ وَهْناً انْبِذْهَا عَنْكَ فَإِنَّكَ لَوْ مِتَّ وَهِىَ عَلَيْكَ مَا أَفْلَحْتَ أَبَداً

“Nabi shalallahu álaihi wa sallam nate ngawuningani gelang saka kuningan ingkang dipun pasang wonten tangan satunggalipun pawongan lanang.

Nabi shalallahu alaihi wa sallam mundhut pirsa : Cilaka kowe, barang apa iki ?

Wong lanang kalawau mangsuli : Niki gelang kagem ngawekani saking sakit keju kemeng.

Kanjeng Nabi shalallahu álaihi wa sallam dhawuh : Magertia menawa jimat iku ora nambahi apa apa kejaba saya ringkih. Guwaken jimat iki ! menawa sira mati kanthi kahanan isih nganggo jimat, sira ora bakal slamet selawase.”
(HR Ibnu Hibban : 6085, Ahmad : 20535).

Para jamaáh sedaya menika pangandikan lan piwucalipun kanjeng Nabi shalallahu álaihi wa sallam kagem kula panjengan sedaya. Nabi menika tresna dhumateng umatipun, nabi tresna dhumateng kula panjenengan sedaya. Nalika Nabi paring pitutur, ngendika bilih jimat niku pinangka tumindak kesyirikan. Nabi paring katerangan sapa wonge ngingu jimat bakal cilaka selawase.

Boten ateges nabi niku serik dhumateng umatipun, boten ateges nabi remen nyalah nyalahake tiyang sanes. Boten ateges nabi niku rumaos semuci suci, boten, babar pisan boten. Ananging karana nabi tresna dhumateng umatipun.

Nabi boten kepingin wonten umatipun ingkang ketiban kacilakan. Nabi boten kepingin umatipun kecalan amal shalih gara gara syirik. Nabi kepingin umatipun slamet donya akherat. Lumebet wonten swarga langgeng salami laminipun.

Semanten ugi para kyai, para ustadz, para dai, para muballigh. Ingkang rinten kelawan dalu tansah ngaturaken pepiling dhumateng masyarakatipun, dhumateng kaum muslimin babagan kesyirikan lan jimat menika. Boten ateges para kyai niku serik dhumateng masyarakat, mangkel dhumateng umat Islam, gething dhumateng manungsa, boten, babar pisan boten. Ananging para kyai tresna dhumateng kaum muslimin. Pramila tansah asung pepiling lan pitutur babagan kesyirikan menika.

Benten kalian saperanganipun da’i ingkang babar blas boten nate ngrembug perkawis kesyirikan niki. Piyambakipun ngertos wonten tiyang nggunakake jimat, ngertos jama’ahipun tumindak syirik. Ngertos jama’ahipun nyuwun marang kuburan.

Ananging kendel mawon, mbisu, ethok ethok boten ngerti. Wis ben, sing penting ceramahku ndhagel tur lucu. Sing penting pengajianku penak dirungokne, omongaku marai ati adem. Sing penting jama’ah padha girang gumuyu. Perkara ana wong tumindak syirik yowis ben. Perkara ana wong ora diapura dosane dening Allah wis ben. Perkara ana wong kelangan amal shalih yowis ben. Perkara ana wong mlebu neraka selawase, yowis ben. Menika da’i ingkang boten tresna dhumateng jamaáhipun.

Kados tiyang sepuh ingkang ngertos putrane tumindak dosa, piyambakipun mesthi greteh, crewet, lan asring nuturi putranipun. Niki tiyang sepung ingkang sakelangkung tresna dhumateng putranipun. Boten kepingin putranipun cilaka.

Para jama’ah sedaya ingkang tansah dipun rahmati dening Allah taála. Pramila supados benjang kita saged panen ganjaran wonten akhirat. Nampi piwales amal ibadah ingkang sampun kita tindakaken wonten ngalam donya. Lan dipun lebeteken dening Allah tumuju Swarga. Kula panjenengan sedaya kedah tansah mlayu ngadoh saking jimat. Dipun bucal jimatipun, rajah, pesugihan, aji jaya kawijayan ingkang tembe burine namung damel kacilakan lan kapitunan. Allah taála ngendika :

وَأَنَّهُ كَانَ رِجَالٌ مِنَ الإِنْسِ يَعُوذُونَ بِرِجَالٍ مِنَ الْجِنِّ فَزَادُوهُمْ رَهَقًا

“Lan yekti ana saperangane manungsa lanang kang njaluk pitulungan marang saperangane jin lanang. Pitulungane jin ora nambahi kajaba saya sesat lan sasar.” (QS Jin : 6).

Mbok menawi mekaten lan semanten, menggah atur kawula wonten khutbah kalodangan dinten punika. Mugi mugi saged mbeta kesaenan kagem kula pribadi piyambak. Sumrambahipun kagem jamaah sedaya. Menawi wonten lepatipun atur, menika awit saking cubluking pangertosan kawula, lan saking andhapipun pawitan kawula. Pramila kawula nyuwun agunging samodra pangapunten, matur nuwun.

Kita pungkasi khutbah menika kanthi manengku puja, ngaturaken pandonga panyuwunan wonten ngarsanipun Allah taala. Mugi mugi kita sedaya tansah dipun jagi saking sedaya tumindak lan kapercayan ingkang syirik. Dipun tampi amal shalih kita lan dipun lebetaken swarga langgeng sesarengan kalian para nabi, para sahabat, para syuhada lan tiyang tiyang ingkang shalih.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، اَللَّهُمَّ َبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

✍🏻Abul Aswad Al Bayaty


DOWNLOAD PDF NASKAH KHUTBAH JUM’AT

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button