Naskah Khutbah Jum’at Basa Jawa – IMAN IKU DALAN KESLAMETAN

-::- IMAN IKU DALAN KESLAMETAN -::-
(file pdf bisa didownload di akhir halaman / baris paling bawah)
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً
وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ:
,فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صلى الله عليه وسلم
.وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ
Para sedherek sedaya sidang shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Mangga kita tansah ningkataken keimanan lan ketaqwaan, yekti tiyang ingkang iman badhe dipun jagi dening Allah ta’ala. Lan bakal diparingi pitedah tumuju margi kesaenan ing agama lan kadonyanipun.
Ingkang dipun wastani Taqwa menika nindakaken sedaya dhawuhipun Allah. Jumbuh kalian syariatipun Allah karana ngajeng ajeng ganjaran saking Allah ta’ala. Semanten ugi nilaraken sedaya laranganipun Allah. Adhedhasar syariatipun Allah karena ajrih dhumateng pasiksanipun Allah ta’ala.
Kaum muslimin, jamaah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Jejibahan ingkang paling luhur mungguhipin tiyang iman. Kewajiban paling agung ingkang dipun dhawuhaken dening Allah ta’ala dhumateng manungsa. Inggih punika nuwuhaken keimanan dhumateng Allah lan dhumateng sedaya perkawis ingkang wajib dipun Imani arupi rukun iman. Allah ta’ala dhawuh :
لَّيْسَ ٱلْبِرَّ أَن تُوَلُّوا۟ وُجُوهَكُمْ قِبَلَ ٱلْمَشْرِقِ وَٱلْمَغْرِبِ وَلَٰكِنَّ ٱلْبِرَّ مَنْ ءَامَنَ بِٱللَّهِ وَٱلْيَوْمِ ٱلْءَاخِرِ وَٱلْمَلَٰٓئِكَةِ وَٱلْكِتَٰبِ وَٱلنَّبِيِّۦنَ
وَءَاتَى ٱلْمَالَ عَلَىٰ حُبِّهِۦ ذَوِى ٱلْقُرْبَىٰ وَٱلْيَتَٰمَىٰ وَٱلْمَسَٰكِينَ وَٱبْنَ ٱلسَّبِيلِ وَٱلسَّآئِلِينَ وَفِى ٱلرِّقَابِ
ۗ وَأَقَامَ ٱلصَّلَوٰةَ وَءَاتَى ٱلزَّكَوٰةَ وَٱلْمُوفُونَ بِعَهْدِهِمْ إِذَا عَٰهَدُوا۟ ۖ وَٱلصَّٰبِرِينَ فِى ٱلْبَأْسَآءِ وَٱلضَّرَّآءِ وَحِينَ ٱلْبَأْسِ
أُو۟لَٰٓئِكَ ٱلَّذِينَ صَدَقُوا۟ ۖ وَأُو۟لَٰٓئِكَ هُمُ ٱلْمُتَّقُونَ
“Dudu kabecikan nalika sira ngadhepake rai tumuju sisih wetan lan kulon. Ananging kabecikan iku kanggo wong kang iman marang Allah, dina kiamat, para malaikat, kitab kitab, lan iman marang para nabi.
Semono uga nginfakake bandha kang ditresnani marang sanak kadang, bocah yatim, wong miskin, musafir kang mbutuhake pitulungan, wong ngemis, lan uga budhak.
Sarta nindakake shalat, bayar zakat, netepi janji nalika janji. Sabar nalika kahanan rekasa, kahanan susah, lan nalika perang. Iku mangkono pinangka wong wong kang jujur lan dheweke iku kalebu wong kang padha taqwa.” (QS Al Baqarah : 177).
Kanthi iman manungsa saged anggayuh derajat inggil wonten ngarsanipun Allah. Kanthi iman menungsa saged slamet saking slengetanipun geni neraka lan slamet saking kamurkanipun Allah ta’ala. Kanthi iman manungsa seged anggayuh kasuwargan langgeng lan saged pinanggih kalian Allah kang Maha Welas lan Maha Asih.
Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Perkawis ingkang paling wajib wonten panggesangan alam donya inggih menika nyinaoni saha mangertosi keimanan. Manungsa ingkang medal saking alam donya niki kanthi boten mangertosi keimanan. Ateges piyambakipun medal saking kadonyan kanthi kahanan dereng ngraosaken ecanipun donya.
Pramila saking punika wajib tumrapipun kaum muslimin nggatosaken perkawis iman punika kanthi kawigatosan ingkang sae. Nyinaoni keimanan kalawau lajeng ngamalaken punapa ingkang dados suraosipun.
Iman menika boten namung kendhat wonten ing lisan lan pengakuan kemawon. Ananging keimanan menika kapitadosan kukuh bakuh wonten ing ati. Lan ugi amal shalih ingkang dipun tindakaken dening raga. Iman menika pangucap lan amal shalih. Iman menika aqidah lan syariat, iman menika sregep lan sabar nindakake amal shalih. Kados ingkang dipun dhawuhaken dening kanjeng nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ;
أَلاَ وَإِنَّ فِى الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ . أَلاَ وَهِىَ الْقَلْبُ
“Mangertia sira kabeh menawa ana sajroning raga iku ana daging setampel. Menawa becik, bakal becik sekabehing raga. Menawa rusak bakal rusak sekabehing raga. Yaiku ati.”
(HR Bukhari : 52, Muslim : 1599).
Para jamaah sedaya, iman niku boten namung mandheg wonten ing ati kemawon. Ananging amal shalih menika ugi kalebet peranganipun iman. Pramila nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh ;
,الْإِيمَانُ بِضْعٌ وَسَبْعُونَ، أَوْ بِضْعٌ وَسِتُّونَ شُعْبَةً، فَأَفْضَلُهَا قَوْلُ : لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ، وَأَدْنَاهَا إِمَاطَةُ الْأَذَى عَنِ الطَّرِيقِ
وَالْحَيَاءُ شُعْبَةٌ مِنَ الْإِيمَانِ
“Iman iku ana pitung puluhan cawang cacahe, utawa sewidakan cawang. Sing paling utama pangucap Lailaha illallah. Sing paling asor nyingkirake gangguan saka dalan. Lan sifat isin iku kalebu perangane keimanan.”
(HR Bukhari : 9).
Hadits ingkang minulya punika paring piwucal bilih keimanan menika wonten ingkang dumunung ing ati. Wonten ingkang dumuning ing lisan. Lan wonten ugi ingkang dumunung ing amal shalih.
Iman menika anggadhahi cawang ingkah kathah. Anggadhahi jinis lan perangan ingkang maneka warna. Nalika manungsa nindakake perangan perangan keimanan kalawau. Satemah keimananipun saya mundhak lan saya kukuh bakuh. Saya inggil derajatipun lan saya kathah ganjaranipun wonten ngarsanipun Allah.
Lan saben saben manungsa niku nilaraken peranganipun keimanan kalawau. Badhe saya suda keimananipun. Saya asor derajatipun lan saya sekedhik ganjaranipun wonten ngarsa dalem Allah ta’ala.
Pramila saking menika kula panjenengan sedaya kedah mangertosi bilih, sedaya pangibadahan lan ketaatan ingkang kita tindakaken kagem nyelak dhumateng Allah ta’ala. Niku sedaya kalebet peranganipun iman. Shalat niku iman, haji niku iman, shiyam niku iman, zakat niku iman.
Ngabekti dhumateng tiyang sepuh niku pinangka iman, nyambung tali pasedherekan niku ugi pinangka iman. Sedaya pangibadahan lan kabecikan ingkang damel kula panjengen sedaya cerak dhumateng Allah niku pinangka peranganipun keimanan.
Salajengipun kita ugi kedah mangertosi bilih nilaraken, ninggalaken sedaya tumindak maksiat lan dosa, kemungkaran, kezaliman niku ugi kalebet peranganipun keimaman. Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh ;
لَا يَزْنِي الْعَبْدُ حِينَ يَزْنِي وَهُوَ مُؤْمِنٌ وَلَا يَسْرِقُ حِينَ يَسْرِقُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ
وَلَا يَشْرَبُ حِينَ يَشْرَبُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ وَلَا يَقْتُلُ وَهُوَ مُؤْمِنٌ
“Wong kang tumindak zina iku dudu wong iman nalika zina. Wong kang nyolong iku dudu wong iman nalika nyolong. Wong kang nginum ciu iku dudu wong iman nalika nginum. Lan wong kang mateni iku dudu wong iman nalika dheweke mateni.”
(HR Bukhari : 6311).
Hadits punika ngemu piwucal saking kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam. Bilih sedaya tumindak kemaksiatan niku nyuda keimanan lan ngringkihake agama. Sinten kemawon piyantunipun, ingkang anggadhahi gegayuhan badhe ngiataken keimanipun, lan ngukuhaken agaminipun.
Prayogi piyambakipun mlajar, mlayu ngadoh saking tumindak ingkang asor, lelageyan ingkang awon, patrap ingkang nalisir saking paugeran syariat arupi maksiat. Sadangunipun nglampahi gesang wonten ngalam donya niki.
Sebab sedaya tumindak kalawau saged anjalari dukanipun Allah ta’ala. Allah ta’ala dhawuh :
إِنْ تَجْتَنِبُوا كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُمْ مُدْخَلًا كَرِيمًا
“Menawa sira kabeh ninggalake dosa dosa gedhe kang dilarang. Yekti Ingsun bakal ngilangi sekabehe dosa kaluputanmu. Lan Ingsun bakal angganjar suwarga langgeng kanggo sira kabeh.” (QS An Nisa’ : 31).
Para sedherek sedaya jamaah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Ing antawisipun perkawis wigati ingkang kedah kita gatosaken ; Nun injih ngreksa, njaga keimanan niki supados boten ical lan muspra. Sebab gangguan, ugi panggodha pangrencananipun setan menika maneka warna. Utaminipun wonten ing jaman modern sapunika.
Kula panjenengan sedaya kedah ngatos atos, mawas dhiri lan waspada saking sedaya perkawis ingkang saged anjalari kita tebih saking keimanan lan saking paugeran agami Islam ingkang kita tresanani niki. Sampun sinebat wonten salebetipin hadits ingkang shahih, bilih satunggalipun sahabat asmanipun Sufyan bin Abdillah Ats Tsaqafi radhiyallahu anhu nate taken dhumateng kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam :
قُلْتُ : يَا رَسُولَ اللهِ قُلْ لِيْ فِيْ الإِسْلاَمِ قَوْلاً لاَ أَسْأَلُ عَنْهُ أَحَدًا غَيْرَكَ. قَالَ: قُلْ أَمَنْتُ بِاللهِ ثُمَّ اسْتَقِمْ
“Aku matur ; Dhuh kanjeng nabi mugi paduka kepareng ngendikake satunggalipun perkawis ingkang boten kula takenaken dhumateng tiyang sanes sasampunipun paduka.
Tumuli kanjeng nabi dhawuh : Kandhakna dening sira aku iman marang Allah banjur istiqamaha.”
(HR Muslim : 38).
Maknanipun istiqamaha sira nindakake ketaatan marang Allah, tansah jaganen ibadah marang Allah. Tansah setiya tuhu nindakake dhawuh dhawuhe Allah ta’ala nganti tekaning pati lan ora kenggoh ora kapilut marang kahanan kiwa tengen. Allah ta’ala dhawuh :
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
“Hei wong wong kang padha iman, taqwao sira marang Allah ta’ala. Lan aja sepisan pisan mati kejaba kanthi kahanan ngrungkepi agama Islam.” (QS Ali Imran : 102).
AQUULU QOULI HAADZA WA ASTAGHFIRULLOOHA LII WA LAKUM. WA LI SAA’IRIL MUSLIMIINA MIN KULLI DZANBIN. FAS TAGHFIRUUHU YAGHRFIR LAKUM, INNAHU HUWAL GHAFUURURRAHIIM.
KHUTBAH KAPING KALIH :
,اَلْحَمْدُ ِللهِ …اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا. وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ
.وَ اَشْهَدُ اَنْ لۤا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ
Ma’asyiral muslimin, para sedherek sedaya jamaah shalat jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Mangga kita sami ningkataken ketaqwaan dhumateng Allah ta’ala. Lan tansah rumaos dipun awasi dening Allah wonten ing sadhengah papan lan wedal.
Awit Allah ta’ala tansah mirsani lan midhanget dhumateng sedaya solah bawa, tindak tanduk, lagak lagu lagon, lelageyan kula panjengan sedaya.
Keimanan menika paribasanipun kados dene wit ageng ingkang anggadhahi oyot ingkang kukuh bakuh. Cawang ingkang katah, semanten ugi anggadhahi woh wohan ingkang kathah. Allah ta’ala dhawuh :
أَلَمْ تَرَكَيْفَ ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ أَصْلُهَا ثَابِتٌ وَفَرْعُهَا فِي السَّمَاءِ
تُؤْتِي أُكُلَهَا كُلَّ حِينٍ بِإِذْنِ رَبِّهَا ۗ وَيَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُونَ
“Apa sira ora nggatekake nalika Allah ta’ala maringi paribasan kalimat kang suci iku kaya dene wit gedhe kang kebak barakah. Oyote kukuh bakuh lan cawange mumbul mendhuwur tumuju langit.
Tansah menehi woh wohan sadawane tahun kanthi ijin palilahe Allah ta’ala. Lan Allah maringi sanepan marang manungsa, supaya manungsa iku padha gelem eling.” (QS Ibrahim : 24-25).
Para jama’ah sedaya sanepan wonten ayat niki dipun paringaken dening Allah ta’ala dhumateng manungsa. Supados kula panjengan sedaya mangertosi punapa ingkang dados suraosipun keimanan. Satemah kita anggadhahi kawigatosan inggil dhumateng keimanan menika.
Kanthi cara ngiataken aqidah, kapercayan lan keyakinan kita dhumateng agami Islam. Aqidah kula panjengengan sedaya kedah jumbuh lan cocok kalian punapa ingkang sampun sinerat wonten kitab suci Al Quran lan wonten hadits nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Sedanten kapercayan ingkang nalisir saking wahyu Allah kedah dipun singkiri, dipun tebihi. Lan boten pareng dipun pitadosi punapa malih dipun gethok tularaken dhumateng putra wayah utawi tiyang sanes.
Kita iman dhumateng sedaya rukun iman ingkang enem cacahipun. Sasampunipun menika nggatosaken punapa ingkang dados cawang cawangipun keimanan. Arupi amal shalih, ketaatan, ibadah, lan sanes sanesipun.
Para jamaah sedaya, menawi wontenipun ama lan kemladheyan niku saged ngganggu gawe dhumateng tetanduran ing sawah pategalan. Semanten ugi kemaksiatan, saged ngganggu gawe dhumateng keimanan kula panjenengan sedaya. Pramila saking menika wajib tumrapipun tiyang tiyang ingkang iman. Tansah njagi lan ngreksa keimananipun saking sedaya ama lan kemladheyan kalawau.
Kanthi cara ngiataken aqidahipun, andadosi amal ibadahipun dhumateng Allah. Lan kanthi cara nebihi dosa kalepatan, kemaksiatan lan kemungkaran. Para ulama, para dwijawara ingkang kondhang misuwur jayeng bawana duk nalika semanten sampun ngendikakaken. Bilih keimanan menika anggadhahi perangan cacah gangsal :
- Kapercayan wonten salebetipun manah.
- Ikrar kanthi lisan lan pangucap.
- Amal shalih ingkang dipun tindakaken dening jawarih utawi raga.
- Iman menika saged tambah kanthi taat dhumateng Allah.
- Lan Iman menika saged suda lan ringkih kanthi taat dhumateng syaithan.
Mugi mugi Allah tansah angganjar keimanan ingkang endah kagem kula panjenengan sedaya. Tansah maringi entheng nindakaken sedaya kesaenan. Lan mugi Allah tansah nedahaken dhumateng kula panjengan sedaya margi ingkang leres lan lurus. Marginipun kanjeng nabi lan para sahabat radhiyallahu ta’ala anhum ajmain.
Para jamaah sedaya ampun ngantos kesupen bilih Allah ugi ndhawuhi kita supados ngonjukaken shalawat sarta salam kagem kanjeng nabi Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam. Allah ta’ala dhawuh :
إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَٰٓئِكَتَهُۥ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىِّ ۚ يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ صَلُّوا۟ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا۟ تَسْلِيمًا
“Yekti Allah lan para malaikat-E asung shalawat marang kanjeng nabi. Hei wong wong kang iman sira kabeh padha ngaturna shalawat lan salam marang nabi.” (QS Al Ahzab : 56).
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ
رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ
.اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى
اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Download file pdf (cetak booklet A5)
Baarokallahufiikum.minta izin download.jazakallahukhoiron
Monggo