Khutbah Bahasa Jawa

Khutbah Jum’at Bahasa Jawa – Gegondhelan Marang Dalil

.:: GEGONDHELAN MARANG DALIL ::.

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ, نَحْمَدُهُ, وَنَسْتَعِينُهُ, وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوذُ بِاللَّهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا, وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا.
مَنْ يَهْدِهِ اللَّهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأََرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.
أَمَّا بَعْدُ:
فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صلى الله عليه و سلم, وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.

Sedaya puja pangalembana konjuk wonten ngarsanipun Allah ta’ala. Dzat ingkang sampun nyipta, ngreksa, sarta murba masesa mobah musiking jagat saisinipun. Shalawat sarta salam mugi tansah katetepaken, kaparingken kagem panutaning umat, mustikaning jagat. Panjenenganipun kanjeng nabi agung Muhammad, para kulawangsanipun, para sahabatipun lan para pendherekipun ingkang tansah setiya lan tuhu nindakaken sunnah sunnahipun ngantos dumugi puputing jaman. Amin ya Rabbal A’alamin.

Kaum muslimin jama’ah jumat ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Alhamdulillah kita ngonjukaken raos syukur wonten ngarsanipun Allah ta’ala. Awit sedaya kanugrahan ingkang sampun dipun paringaken kagem kula panjenengan sedaya. Kula panjengan sedaya wajib syukur dhumateng Allah. Awit peparingipun Allah sakelangkung kathah lan boten saged dipun etang.

Para sedherek sedaya jamaah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Wonten kalodhangan khutbah ingkang cekak aos punika. Kawula badhe ngaturaken satunggalipun piwucal agami Islam ingkang sakelangkung agung.

Inggih punika babagan pathokan, landhesan saha paugeran ingkang kita ugemi wonten salebetipun agami Islam. Sedaya umat Islam sae ingkang kakung estri, sepuh anem, ageng alit, sedaya wajib gegondhelan, gegujengan lan cecepengan dhumateng dalil nalika nindakaken syariat agami Islam. Dalil ingkang kapendhet saking kitab suci Al Qur’an lan Sunnah. Jumbuh kalian penafsiranipun para sahabat nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam.
Wajib manut dhumateng dalil menika. Sanes manut dhumateng pangandikanipun tiyang kathah, pangandikanipun kiai, ustadz, imam, utawi fatwa lan sanes sanesipun. Allah ta’ala paring dhawuh :

وَقَالُوا لَنْ يَدْخُلَ الْجَنَّةَ إِلَّا مَنْ كَانَ هُودًا أَوْ نَصَارَىٰ ۗ تِلْكَ أَمَانِيُّهُمْ ۗ قُلْ هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ

“Wong kafir padha kandha ; ‘Manungsa iku ora bakal bisa lumebu ana ing suwarga, kajaba wong Yahudi lan Nasrani’. (Omongan) iku mung pinangka pengangen angen, tuduhna dalilmu menawa sira kalebu golongane wong kang bener.”

(QS Al Baqarah : 111).

Dados anggen kita ngugemi agami Islam niki kedah adhedhasar dalil. Sanes pangandikanipun tiyang. sanes pangandikanipun ustadz, kiai, syeikh, imam lan sapiturutipun. Sinten kemawon tiyangipun, nalika ngendika babagan agami Islam kok boten ngaturaken dalil. Menika boten pareng dipun tampi. Wonten ayat sanesipun Allah ta’ala dhawuh,

وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۚ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا

“Lan sira iku aja kumawani ngandhakake sawiji perkara kang sira ora duwe ilmu babagan perkara mau. Yekti pangrungu, pandeleng, lan ati kabeh mau bakal dijaluki pertanggung jawaban (dening Allah ta’ala).” (QS Al Isra’ : 36).

Boten pareng ela elu, rubuh rubuh gedhang, anut grubyuk dhumateng pangandikanipun manungsa. Ananging kedah nyuwun dalil. Menawi sampun wonten dalil, kewajiban kula panjenengan sedaya manut lan bangun miturut dhumateng dalil kala wau.

Menawi manungsa kepingin lumampah wonten margi ingkang leres tur lurus. Kepingin ayom ayem tentrem panggesanganipun. Kepingin slamet saking slengetanipun geni neraka. Kepingin lumebet wonten suwarganipun Allah ta’ala. Piyambakipun kedah bangun miturut dhumateng dalil. Sebab menika ingkang sampun ginaris dening syariat agami Islam. Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam nate paring dhawuh ;

إِنِّي تَرَكْتُ فِيْكُمْ شَيْئَيْنِ لَنْ تَضِلُّوْا بَعْدَ هُمَا كِتَابَ اللهِ وَسُنَّتِيْ وَلَنْ يَتَفَرَّقَا حَتَّى يَرِدَا عَلَيَّ الْحَوْضَ

“Yekti ingsung ninggalake kanggo sira kabeh pusaka cacah loro. Sira ora bakal sasar sauger gegujengan marang pusaka loro iki. Yaiku kitab suci Al Qur’an lan Sunnah-ku. Kekarone ora bakal pepisahan nganti ketemu aku maneh sesuk ana ing tlaga Al Haudh.”

(HR Al-Hakim : 1/93, Al-Baihaqi : 10/114).

Para sedherek sedaya jama’ah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Piwucalipun kanjeng nabi punika saestu wigati. Pitutur ingkang kedah tansah dipun emut emut wonten satengahing manah. Dipun gethok tularaken dhumateng kulawangsa, sanak kadang, tangga tepalih lan mitra pitepangan.

Menika ilmu ingkang saestu wigati ingkang saged dados sarana keslametan, kawilujengan, karaharjan lan bebungan benjang wonten alam akhirat. Satunggalipun ulama’ Islam, sang dwijawara ingkang kondhang misuwur jayeng bawana, panjenenganipun Syaikhul Islam Ibnu Taimiyyah nate paring pangandikan ;

وَقَدْ أَمَرَ اللَّهُ بِطَاعَةِ رَسُولِهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِي أَكْثَرَ مِنْ ثَلَاثِينَ مَوْضِعًا مِنْ الْقُرْآنِ وَقَرَنَ طَاعَتَهُ بِطَاعَتِهِ وَقَرَنَ بَيْنَ مُخَالَفَتِهِ وَمُخَالَفَتِهِ كَمَا قَرَنَ بَيْنَ اسْمِهِ وَاسْمِهِ فَلَا يُذْكَرُ اللَّهُ إلَّا ذُكِرَ مَعَهُ

“Yekti Allah wis ndhawuhake marang manungsa supaya taat (manut) marang rasul-E ana sajroning ayat Al Qur’an kang cacahe luwih saka telung puluh ayat.

Allah uga nyandhingake lan netepake manawa taat rasul padha karo taat Allah. Mlincur marang rasul padha karo mlincur marang Allah.

Asmane kanjeg rasul uga disandhingake karo asmane Allah. Asmane Allah ora disebut kajaba bebarengan karo asmane kanjeىg rasul shalallahu ‘alaihi wa sallam.”

(Kapethik saka kitab Majmu’ Fatawa : 19/103).

Pramila saking punika, kula panjenengan sedaya anggadhahi jejibahan luhur. Manut marang dalil lan ndherek tindak lampahipun kanjeng nabi agung Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam. Lan boten pareng ngunggulake pangandikanipun sinten kemawon tinimbang pangandikanipun nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam. Senadyan niku ustadz, kiai, muballigh, guru, syeikh. Nalika nalisir saking dhawuhipun nabi boten pareng dipun turuti.

Wonten mriki kawula badhe ngaturaken satunggalipun riwayat ingkang nyebataken bilih kala rumiyin Abu Bakar lan Umar bin Khatab radhiyallaahu anhuma dipun sebat nate ngawisi utawi nglarang para manungsa saking nindakaken haji tamattu’. Haji tamattu’ maknanipun tiyang niku ngagem rasukan Ihram, lajeng nindakaken thawaf wonten ka’bah, Sa’i wonten Shafa lan Marwa. Dipun pungkasi kanthi Tahallul utawi cukur gundhul.

Sabibaripun niku lajeng nyopot rasukan Ihramipun, gantos rasukan biasa. Nalika sampun ngancik surya kaping 8 Dzulhijah piyambakipun ngagem rasukan ihram malih, lajeng nindakaken haji. Menika ingkang dipun wastani haji tamattu’. Dados nindakaken Umrah sekalian nindakaken Haji.

Ibnu Abbas ngendika bilih haji tamattu’ niku dipun keparengaken. Ananging saperanganipun manungsa boten kersa nampi. Amargi Abu Bakar lan Umar boten ngeparengaken. Sanalika Ibnu Abbas ngendika :

يُوشِكُ أَنْ تَنْزِلَ عَلَيْكُمْ حِجَارَةٌ مِنْ السَّمَاءِ! أَقُولُ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَتَقُولُونَ قَالَ أَبُو بَكْرٍ وَعُمَرُ؟

“Aku sumelang sira kabeh bakal ketiban udan watu saka langit. Sebab aku kandha menawa kanjeng rasul wis ndhawuhake, lha kok malah sira mbantah kanthi nggunakake pangucape Abu Bakar lan Umar.”(Majmu’ Fatawa : 20/215).

Menawi sampun mangertosi wontenipun dalil, kewajiban kula panjengan sedaya sami’na wa ato’na, midhanget lan bangun miturut. Senadyan ingkang ngendika niku Abu Bakar lan Umar. Ananging nalika nalisir saking dhawuhipun kanjeng nabi, kedah dipun bucal pamanggihipun. Menawi boten, kula panjengan sedaya badhe nemahi kacilakan, pasiksan lan bakal disasarake dening Allah ta’ala. Niki pinangka katerangan saking sahabat Ibnu Abbas radhiyallahu anhuma kados ingkang kasebat wonten ing nginggil. Malih malih Allah ta’ala ugi paring dhawuh ;

وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ وَلَا مُؤْمِنَةٍ إِذَا قَضَى اللَّهُ وَرَسُولُهُ أَمْرًا أَنْ يَكُونَ لَهُمُ الْخِيَرَةُ مِنْ أَمْرِهِمْ ۗ وَمَنْ يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا مُبِينًا

“Lan ora pantes tumrape wong iman lanang, lan wong iman wadon. Nalika Allah lan rasul-E wis netepake sawiji perkara. Malah dheweke luwih milih perkara liyane.

Sapa wonge tumindak duraka marang Allah lan rasul-E. Yekti dheweke bakal sasar kanthi sasar kang sanyatane.”

(QS Al Ahzab : 36).

Sinten kemawon ingkang boten nurut dhumateng dalil. Malah langkung remen nuruti hawa nepsunipun, nuruti kakerepaning ati, nuruti kekarepanipun tiyang kathah, nuruti kekarepanipun juragan, lan nilaraken dhawuhipun Allah lan rasul ipun. Piyambaakipun badhe dipun sasarake dening Allah saking margi ingkang leres. Satemah benjang wonten akhirat badhe nampi kacilakan, pidana lan pasiksan nggegirisi saking Allah ta’ala.

Niki pinangka hujjah, perkawis ingkang kedah dipun mangertosi lan dipun amalaken dening sedaya umat Islam. Semanten ugi nalika wonten cecongkrahan, derdah, gegeran, benten pamanggih antawisipun setunggal manungsa kalian sanesipun. Ustadz niki ngendika niki pareng ditindakake. Ustadz sing nika ngendika niki boten pareng ditindakake.
Sesepuh kampung ngendika ayo awake dhewe warga desa kene padha nindakake ritual iki. Kula panjengen sedaya boten perlu bingung lan judheg penggalihipun. Cekap dipun suwunaken dalilipun.

Sedaya cecongkrahan kedah dipun wangsulaken dhumateng dalil. Dipun wangsulaken dhumateng kitab suci Al Qur’an, dipun wangsulaken dhumateng sunnah kanjeng nabi agung Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam. Menawi jumbuh kalian dalil manga sami dipun tindakaken. Menawi boten manga sami dipun tilar kanthi lila lan legawa. Allah ta’ala dhawuh malih ;

فَإِنْ تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللَّهِ وَالرَّسُولِ إِنْ كُنْتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا

“Menawa sira padha cecongkrahan ana sawijining perkara. Padha balekna perkara iku mau marang Allah lan rasul-E menawa sira iman marang Allah lan dina kiamat. Iku luwih becik tumrape sira lan luwih apik tembe mburine.”

(QS An Nisa’ : 59).

Para sedherek sedaya jamaah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Pramila saking punika prayoga kula lan panjengen sedaya ampun ngantos nerak laranganipun kanjeng nabi. Ampun ngantos nglanggar dhawuhipun kanjeng nabi. Sinten kemawon tiyang ingkang kumawantun nerak piwucalipun nabi mesthi bakal sasar, bakal nalisir lan bakal nemahi kacilakan wonten ngalam donya semanten ugi wonten akherat. Allah ta’ala dhawuh :

فَلْيَحْذَرِ الَّذِينَ يُخَالِفُونَ عَنْ أَمْرِهِ أَنْ تُصِيبَهُمْ فِتْنَةٌ أَوْ يُصِيبَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ

“Prayoga ngati ati tumrape wong kang wani nalisir saka dhawuhe nabi, dheweke bakal ketiban fitnah, lan ketiban pasiksan kang nggegirisi.” (QS An Nur : 63).

Ingkang kita sedaya tindakaken menika dhawuhipun rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam, boten wonten sanes. Lan kita kedah tansah emut bilih kita niki tansah gegujengan kalian dalil. Menawi kita tansah manut dalil, samangke badhe manggih keslametan. Dalil ingkang kapendhet saking Al Qur’an lan As Sunnah. Sanes jarene manungsa, jarene si fulan, jarene si alan sanes.

Niki saestu perkawis ingkang wigati, tansah gegondhelan marang dalil. Supados kula panjenengan sedaya nalika nemahi kedadosan menapa kemawon. Tansah madhep mantep ndherek piwucalipun kanjeng nabi agung Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam. Gegondhelan marang Al Qur’an lan Sunnah kang jumbuh kalian pemahaman lan penafsiranipun para ulama salaf. Mugi mugi ingkang kawula aturaken menika saged beta manpangat.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ يغفرلكم إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

KHUTBAH KAPING PINDHO

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ ، اَشْهَدُ اَنْ لۤا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.

Kaum muslimin rahimakumullah, para sedherek jamaah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala.
Menawi kula panjenengan sedaya sampun gegondhelan dhumateng dalil Al Quran lan Sunnah jumbuh kalian penafsiranipun para ulama salaf. Kita sedaya niki ngaji, sinau, ngupadi undhaking ngelmi agami. Mengku karep badhe dipun amalaken. Dipun praktekaken ilmu kala wau. Boten namung mandheg dumugi lathi lan pangucap kemawon. Ilmu ingkang boten dipun amalaken kados dene tetanduran ingkang boten awoh. Boten wonten guna lan manpangatipun.

Kita sedaya maos kitab suci Al Qur’an, maos hadits nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam. Supados saya kukuh keimanan kita. Saya ajrih dhumateng Allah ta’ala lan boten ajrih dhumateng sinten kemawon. Nalika Allah ta’ala nyebataken wonten surat At Taubah ayat 18 saperanganipun tiyang iman ingkang makmuraken masjid. Damel rejanipun masjid, antawis cirinipun tiyang kala wau piyambakipun boten ajrih kejawi dhumateng Allah ta’ala.

Tiyang iman kados ngoten niku, dipun weden wedeni napa kemawon piyambakipun boten ajrih. Ajrihipun namung dhumateng Allah ta’ala. Kados ingkang dipun sebat wonten surat Ali Imran Allah ta’ala dhawuh :

الَّذِينَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ إِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوا لَكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ إِيمَانًا وَقَالُوا حَسْبُنَا اللَّهُ وَنِعْمَ الْوَكِيلُ

“Wong munafik kang kandha marang wong iman ; Yekti para manungsa (kafir mekah) wis nglumpukake wadya balane kanggo nyirnakake sira kabeh, mula padha wedia.

Ananging wong wong kang iman saya tambah imane lan kandha ; Allah cukup kanggo awake dhewe lan Allah sabecik becike Dzat kang maringi pitulungan.” (QS Ali Imran : 173).

Nalika para sahabat kondur saking perang Uhud, tiyang tiyang munafik sami meden medeni para sahabat. Wong wong kafir Mekah saiki wis padha nglumpuk dadi sawiji. Samekta ing gati sawega ing diri bakal bali tumuju Medinah kanggo nyirnakake sira kabeh. Mula sira kabeh padha wedia. Ananging para sahabat malah saya tambah keimananipun.

Semanten ugi tiyang ingkang iman, dipun weden wedeni malah saya tambah imanipun. Boten malah saya ajrih, saya wedi boten. Ananging saya tambah imanipun dhumateng Allah ta’ala.

Para sedherek jamaah shalat jum’at ingkang dipun Rahmati dening Allah ta’ala. Kanthi kula lan panjengen ndherek dhumateng Al Quran lan Sunnah niki ateges kita sampung mbangun miturut dhumateng Allah, mbangun miturut dhumateng kanjeng rasul shalallahu ‘alaihi wa sallam. Estu estu tresna dhumateng Allah lan rasulipun.

Nalika kita purun nurut dhumateng Allah lan rasul. Samangke badhe manggih keslametan, bagya mulya, keberkahan, ketentreman, rahmat sih wilasanipun Allah. Benten kalian tiyang tiyang ingkang ajrih, tiyang ingkang boten purun ndherek dhumateng dalil. Panggesanganipun boten tentrem, shalatipun ugi dereng mesthi leres.

Pramila saking menika senadyan angelipun kados menapa kita sedaya kedah tansah manut dhumateng dalil. Menika pinangka dhawuh saking Allah lan rasulipun. Ingkang kedah tansah kita emut, emut, kita pitadosi, kita fahami, lan kita amalaken sadangunipun gesang. Ngantos dumugi puputing yuswa.

Mugi mugi khutbah menika manpangati kagem diri kula pribadi piyambak lan kagem sedaya jamaah. Mugi Allah tansah paring istiqamah kagem kula panjengan sedaya wonten sanginggilipun Islam adhedhasar Al Quran lan Sunnah jumbuh kalian pemahamanipun para ulama salaf.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، اَللَّهُمَّ َبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ

رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ

اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اللهم إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

وَصَلى الله عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

: : Ust. Abul Aswad Al Bayaty

Download file pdf khutbah Jum’at

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button