Layang Pitakonan (Tanya Jawab)

Supaya Anak Sregep Anggone Ngaji

-::- SUPAYA ANAK SREGEP ANGGONE NGAJI -;;-

Pitakonan : Putra kula sampun sekolah TK, yuswanipun 6 tahun. Qodarullah 4 wulan niki boten mlebet sekolah amargi wabah pageblug mayangkara corona. Lha niki wonten griya diken maos iqra’ boten purun. Kamangka nalika wonten sekolah, menawi didhawuhi ustadzahipun nurut. Nyuwun kiat kiat kagem kula lan semah kula kajenge saget nggula wentah anak jumbuh kaliyan Al Qur’an lan Sunnah.

Saking Abu Abid wonten tlatah Klaten.


Wangsulan : Kadhang kala bocah niku nurut dhumateng ustadz lan ustadzah. Ananging dhumateng tiyang sepuhipun kadhang kala boten nurut. Nggih boten?

Terus carane pripun supados bocah niki purun maos iqra’?

Sepisan, tiyang sepuh niku kedah maringi tepa patuladhan ingkang sae. Dados wonten wayah wayah longgar niku tiyang sepuh maringi conto, maos iqra’.

Boten napa napa. Niku dalam rangka nggula wentah anak, ampun gengsi. Maos Iqra’ dhewe. Anake boten purun ngaji boten napa napa, jenengan ngaji dhewe. Suwe suwe bocah niki rak nglirik.

Bocah niku anggadhahi naluri seneng niru dhumateng tiyang sepuh ipun kekalih. Dados tiyang sepuh asring asring maringi tepa patuladhan ingkang sae. Sedina rong dina bocah ora gelem ngetutke. Telung dina, seminggu bocah dereng gelem ngetutke.. insyaAllah.

Seiring waktu berjalan, niku bocah sithik mbaka sithik bakal ngetutke.

Ingkang angka kalih, ampun supe bilih kewajiban nggula wenthah anak niku boten namung cekap dipun pasrahaken dhumateng TK.

“Wis mangga pak ustadz, bu ustadzah. Pokoke pasrah anak kula sing ajeng ngajari ngaji. Sing penting kula golek boga kelawan wastra. Masalah ngaji kula pasrahke dhumateng panjenengan.”

Boten, ananging tansah dongakake kesaenan dhumateng anak putu.

Lan Allah subahanahu wa ta’ala mesti bakal ngijabahi penyuwunan kita sedaya.

ٱدۡعُونِیۤ أَسۡتَجِبۡ لَكُمۡۚ

Nyuwuna sira kabeh marang Ingsun, Ingsun bakal nyembadani panyuwunanira.

(QS. Ghafir : 60)

Donga sing kita waos dhumateng Allah, dongakake kesaenan kagem anak putu. Niku boten bakal muspra.

“Kula dongakke anak kula pun sesasi niku dereng tedhas”, niku boten muspra. Sewayah wayah bocah niku mesti pinaringan hidayah. Napa mangke bibar SD nembe ngetril prestasinipun anggone ngaji. Napa mangke wonten SMP. Intinipun donga niku boten bakal muspra.

Ewodene umpama dereng dipun ijabahi dening Allah subhanahu wa ta’ala. Kita dongakake anak niku pinaringan ganjaran. Dadi boten wonten ceritanipun wong donga niku rugi.

رَبَّنَا هَبۡ لَنَا مِنۡ أَزۡوَ ٰ⁠جِنَا وَذُرِّیَّـٰتِنَا قُرَّةَ أَعۡیُنࣲ وَٱجۡعَلۡنَا لِلۡمُتَّقِینَ إِمَامًا

RABBANA HAB LANA MIN AZWAJINA WA DZURRIYYATINA QURRATA A’YUN, WAJ’ALNA LILMUTTAQIINA IMAAMA

Dhuh Pangeran kula, mugi paduka kepareng maringi dhumateng kula garwa lan putra kang tansah damel bungahe ati kawula.

Lan mugi Paduka andadosaken kula sakulawarga pinangka pangarsanipun tiyang tiyang ingkang taqwa.

(QS Al Furqan : 74).

Asring dipun waos donga menika nalika wekdal wekdal ingkang mustajabah.

Antawisipun nalika jawah dipun waos. Nalika wonten jago kluruk wayah wengi dipun waos. Nalika dinten jumat dipun waos. Menawi nembe siyam sunnah. Nalika sahur dipun waos donga menika. insyaAllah manpangatipun ageng.

Lan ingkang angka tiga, tiyang sepuh niku kedah greteh anggenipun ajak ajak dhumateng anak. Diiming imingi hadiah upaminipun, kedah greteh. Ampun malah ngendika ;

“Wis kana mblayango kana ! Nek ra gelem dikandhani mblayango kana … sakarep karepmu..!” .

Boten pareng, ananging kedah greteh lan sabar.

Pramila Allah subhanahu wa ta’ala dhawuh nalika andhawuhake kaum muslimin supados ngajari shalat dhumateng anak anakipun ;

وَٱصۡطَبِرۡ عَلَیۡهَاۖ

Lan sabara sira! (nalika dhawuhake shalat marang anak anakmu)” (QS Thaha : 132)

Maknanipun nggula wenthah anak niku kedah kathah sabaripun. Lha Nabi niku nalika shalat malah ditunggangi dwning putunipun Kanjeng Nabi. Ingkang kawastanan Hasan lan Husein. Ditunggangi, gegeripun nabi dinggo jaran jaranan. Nabi niku nalika nembe shalat.

Niku putune Nabi lho. Derajate Nabi. Napa malih ustadz. Anake ustadz nakal sithik we wis padha grenengan.

“Ustadz cap apa kuwi ? anake kok ngeyil ngeyil..”

Dados ingkang sepisan paring tepa patuladhan ingkang sae. Angka kalih donga’ake anak. Ingkang angka tiga kedah greteh anggenipun nggula wentah, mbujuk rayu anak supados gelem ngaji.


Dipun wangsuli dening :
Ust. Abul Aswad Al Bayaty, B.A

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button