Layang Pitakonan (Tanya Jawab)

Bersedekah Atas Nama Orang Tua Yang Sudah Meninggal

Pitakonan : Mau tanya, menyodaqohkan orang tua yang sudah meninggal boleh apa tidak? – Rian saking Purworejo

Wangsulan : Nggih boten angsal..! Wong tua kok disedekahke. Njur piye niku?

Maknanipun panjenengan sedekah, niat ganjaranipun kanggo wong tua. Ngoten yak’e karepe.

Cuman teng mriki ditulis “menyodaqohkan orang tua yang sudah meninggal”, apa mayite wong tua arep disedekahke? Niku boten pareng menawi ngoten niku.

Ananging menawi jenengan taken ; “Kula ajeng sedekah, niat kula sedekah niki kagem bapak simbok ingkang sampun seda. Niku pareng napa boten?” Wangsulanipun pareng.

Adhedhasar setunggal hadits riwayat Imam Bukhari wonten salebetipun kitab Al Adabul Mufrad. Niku wonten piyantun kakung marak sowan wonten ngarsanipun Kanjeng Nabi. Piyambake matur ;

يا رسولَ اللهِ ! إنَّ أُمِّي تُوفِّيَت ولم تُوصِ ، أفينفَعُها أن أتصدَّقَ عنها ؟

قال : نعَم

“Duh Kanjeng Rasul, sejatosipun mamak kula niku sampun seda. Lan piyambakipun boten nate maringi wasiat napa napa. Menawi kula sedekah atas nama mamak kula, niku napa saget maringi manpangat dhumateng mamak kula?

Kanjeng Nabi dhawuh ; Iya,”

Sedhekahmu, niat ganjarane kanggo mamakmu, ana manpangate.

Dados adhedhasar riwayat niki, anak anak niku pareng shadaqah ganjaranipun dipun niataken dhumateng tiyang sepuh ingkang sampun boten wonten.

Wallahu ta’ala a’lam..

Dipun wangsuli dening : Ust. Abul Aswad Al Bayaty

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button