Khutbah Bahasa Jawa

Naskah Khutbah Jum’at – KULAK DOSA ADOL MEMALA

KULAK DOSA ADOL MEMALA 

(teks/naskah dalam bentuk pdf bisa didownoad di akhir halaman)

إنَّ الـحَمْدَ لِلّهِ نَـحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا

مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ

وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً

وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ

وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ، فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا

  أَمَّا بَعْدُ

فَإِنَّ خَيْرَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللَّهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صلى الله عليه و سلم

وَشَرَّ الأُمُورِ مُحْدَثَاتُهَا, وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ, وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ, وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ

Ma’asyiral muslimin jama’ah shalat jum’at ingkang tansah dipun rahmati dening Allah ta’ala. Yektosipun dinten kiamat punika pinangka satunggalipun perkawis ingkang badhe dumadi. Allah ta’ala dhawuh :

وَأَنَّ السَّاعَةَ آتِيَةٌ لَا رَيْبَ فِيهَا وَأَنَّ اللَّهَ يَبْعَثُ مَنْ فِي الْقُبُورِ

“Yekti dina kiamat iku bakal tumeka lan ora nglembiri. Lan Allah bakal gawe tangi wong kang ana kuburan.” (QS Al Haj : 7).

Sasampunipin dinten kiamat dumadi. Tumuli Allah badhe maringi ganjaran lan pasiksan tumrapipun manungsa lan jin. Jumbuh kalian amal ingkang sampun dipun tindakaken nalika gesang wonten ing ngalam donya.

إنَّا نَحْنُ نُحْيِ الْمَوْتَى وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوا وَآثَارَهُمْ وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ فِي إِمَامٍ مُبِينٍ

“Yekti Ingsun bakal nguripake wong wong kang mati. Lan Ingsun dhewe kang bakal nulis amal lan tilas tilase manungsa. Lan sakabehe perkara Ingsun klumpukake ana sajroning kitab kang gamblang (lauhul mahfudz).” (QS Yasin : 12).

Wonten ayat punika Allah ta’ala paring keterangan bilih Piyambakipun nyerat sedaya amalipun manungsa lan jin. Nalika gesang wonten alam donya. Sae amal kalawau arupi kesaenan utawi amal ingkang awon lan kemaksiatan. 

Ewondene dhawuhipun Allah ta’ala “Ingsung nulis tilas tilase manungsa”. Para ulama ngaturaken penafsiran cacah kalih :

Ingkang angka setunggal : Tilasipun manungsa inggih punika tilas dlamakipun manungsa. Maknanipun sedaya perkawis badhe dipun serat dening Allah ta’ala. Boten kok ingkang arupi amal, kalebu tilas dlamakane manungsa ugi badhe dipun serat.

Dlamakan ingkang lumampah tumuju papan ingkang sae dipun serat. Semanten ugi dlamakan ingkang lumampah tumuju papan ingkang awon ugi dipun serat. Boten wonten sawiji perkawis ingkang saged uwal lan icul saking pamirsanipun Allah ta’ala. 

Pramila saking menika nate dipun sebat wonten satunggalipun Riwayat ingkang shahih. Saperanganipun tiyang saking Bani Salimah anggadhahi pepinginan pindah griya supados langkung cerak kalian masjid Nabawi. Nalika kabar kalawau dipun midhangetaken dening kanjeng Nabi. Tumuli piyambakipun dhawuh :

إِنَّهُ بَلَغَنِي أَنَّكُمْ تُرِيدُونَ أَنْ تَنْتَقِلُوا قُرْبَ الْمَسْجِدِ

قَالُوا: نَعَمْ، يَا رَسُولَ اللهِ قَدْ أَرَدْنَا ذَلِكَ

فَقَالَ: يَا بَنِي سَلِمَةَ دِيَارَكُمْ تُكْتَبْ آثَارُكُمْ، دِيَارَكُمْ تُكْتَبْ آثَارُكُمْ

“Aku krungu menawa sira kabeh duwe pepinginan pindah omah supaya cerak saka masjid ?

Para manungsa iku mangsuli : Kasinggihan dhuh kanjeng Rasul shalallahu ‘alaihi wa sallam. Kula sarencang anggadhahi panjangka kasebat.

Kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam tumuli dhawuh : Gondhelana omahmu ! bakal ditulis tilas dlamakanmu. Godhelana omahmu ! bakal ditulis tilas dlamakanmu.” (HR Muslim : 665).

Hadits punika pinangka tandha bukti bilih tilas dlamakanipun manungsa nalika lumampah tumuju masjid utawi nalika kondur saking masjid niku badhe dipun serat dening Allah ta’ala.

وَلَا يَقْطَعُونَ وَادِيًا إِلَّا كُتِبَ لَهُمْ لِيَجْزِيَهُمُ اللَّهُ أَحْسَنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ

“Lan manungsa iku ora ngliwati sawiji papan panggonan (kanggo nindakake jihad). Kajaba bakal ditulis kanggo dheweke pinangka amal shalih. Supaya diparingi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang wis ditindakake.” (QS At Taubah : 21).

Menawi tilas dlamakanipun manungsa dipun serat dening Allah. Punapa malih pangandikan, pangucap lan muna muninipun manungsa. Sedaya badhe dipun serat kanthi gambling, mlaha, cetha wela wela. Pramila saking menika, prayoga kita sedaya kedah tansah gemi, setiti, nastiti lan ngati ati. 

Ampun ngantos suku peparingipun Allah menika dipun gunakake kagem lumampah tumuju kemaksiatan. Sebab lampahipun suku kalawau badhe dipun serat.  Boten wonten sawiji ingkang saged luput saking pamirsanipun Allah ta’ala. Allah ta’ala dhawuh :

يَابُنَيَّ إِنَّهَا إِنْ تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِنْ خَرْدَلٍ فَتَكُنْ فِي صَخْرَةٍ أَوْ فِي السَّمَاوَاتِ أَوْ فِي الْأَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللَّهُ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٌ

“Hei anakku, menawa ana sawiji tumindak kang mapan ana sadhuwure watu, utawa ana langit, utawa ana bumi. Mesthi Allah bakal maringi piwales, yekti Allah iku Maha Alus lan Maha Taliti.” (QS Luqman : 16).

Pramila saking menika, amal lan tumindak menapa kemawon. Senadyan sampun dipun singgahake kanthi primpen. Allah ta’ala bakal nuduhake benjang wonten ing dina kiamat. 

Ingkang angka kalih, tafsir saking tetembungan “Tilase Manungsa”. Maknanipun sedaya perkawis ingkang dumadi jalaran disebabake dening manungsa. Wonten saperanganipun manungsa niku dadi sebab dumadinipun kesaenan ingkang kathah. 

Senadyan piyambakipun sampun seda, sadangunipun kesaenan kalawau tasih lumampah. Piyambakipun tetep pikantuk ganjaran karana sampun dados penyebab dumadinipun amal sae kalawau. Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh :

مَنْ سَنَّ فِي الْإِسْلَامِ سُنَّةً حَسَنَةً، فَلَهُ أَجْرُهَا، وَأَجْرُ مَنْ عَمِلَ بِهَا بَعْدَهُ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أُجُورِهِمْ شَيْءٌ

“Sapa wonge ngurip urip sunnah ana sajroning agama Islam. Dheweke diparingi ganjarane. Lan diparingi ganjarane wong kang ngamalake sunnah mau sawise dheweke mati. Kanthi ora nyuda ganjarane pengamal sunnah babar blas.” (HR Muslim : 1017).

Pramila saking menika tiyang ingkang sampun maringi piwucal kesaenan. Badhe dipun paringi ganjaranipun saben manungsa ingkang nindakake kesaenan kalawau. Tuladhanipun menawi wonten tiyang ngajari shalat dhumateng bocah. Sadangunipun si bocah nindakake shalat. Tiyang ingkang ngajari shalat tansah pikantuk jatah ganjaran senadyan piyambakipun sampun seda. 

Semanten ugi tiyang ingkang ngajari surat Al Fatihah. Sadangunipun Fatihah kalawau dipun waos. Niku tiyang ingkang ngajari badhe pikantuk jatah ganjaranipun. 

Tiyang ingkang bangun masjid, sadangunipun masjid tasih dipun-gunakake. Piyambakipun tansah pikantuk jatah ganjaran ingkang mbanyu mili senadyan sampun seda. Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh :

إِذَا مَاتَ الْإِنْسَانُ انْقَطَعَ عَنْهُ عَمَلُهُ إِلَّا مِنْ ثَلَاثَةٍ: إِلَّا مِنْ صَدَقَةٍ جَارِيَةٍ، أَوْ عِلْمٍ يُنْتَفَعُ بِهِ، أَوْ وَلَدٍ صَالِحٍ يَدْعُو لَهُ

“Menawa manungsa mati, bakal pedhot kabeh amale kajaba telung perkara : Sedekah jariyah, utawa ngelmu kang manpangat, utawa anak shalih kang tansah ndongakake wong tuwane.”
(HR Muslim : 1361).

Sedekah jariyah ingkang ganjaranipun tansah mbayu mili niku padatanipun arupi waqaf. Sae menika waqaf buku utawi Al Qur’an. Utawi griya kagem anak anak yatim. Utawi arupi sumur ingkang dipun gunakaken dening tiyang kathah. 

Ewondene ngelmu ingkang manpangat tuladhanipun nalika wonten tiyang dakwah ajak ajak tumuju kesaenan. Lajeng kathah tiyang sami ndherek. Utawi nulis buku lan buku kalawau tasih dipun waos senadyan penulisipun sampun seda. Kados ingkang asring dipun serat dening para alim para ulama. Semanten ugi kalebet pandonganipun anak shalih. Menika ugi kalebet amalan ingkang ganjaranipun tansah mbanyu mili.

Pramila saking menika prayogi tiyang Islam menika sanesipun nindakaken amal shalih. Piyambakipun ugi kedah ngupadi supados saged dadi jalaran jumedhulipun amal kesaenan sanesipun. Kadhang kala kathah kesaenan ingkang jumedhul lumantar perkawis remeh ingkang boten dipun duga boten dipun nyana. 

Kadhang kala karana pitutur alit, saged dados jalaran tiyang menika gumregah nindakaken amal shalih. Tuladhanipun Imam Bukhari, piyambakipun nyerat kitab Shahih Bukhari disebabake perkawis ingkang alit. Piyambakipun ngendika :

كنا عند إسحاق بن راهويه فقال : لو جمعتم كتابا مختصرا لصحيح سنة النبي صلى الله عليه وآله وسلم

قال : فوقع ذلك في قلبي ، فأخذت في جمع الجامع الصحيح

“Mbiyen aku nate lungguh ana sandhinge Ishaq bin Rahuyah, dheweke ngendika : Mbok kowe kuwi nulis kitab ringkes. Sing ngemot hadits nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam sing shahih.

Pangandikane Ishaq bin Rahuyah iku mau banjur cumondhok ana sajroning atiku. Tumuli aku miwiti nulis kitab Shahih Bukhari.”

Kadhang kala kita niki mbombong tiyang sanes kanthi tembung saklimah. Banjur dheweke dados tiyang ingkang sregep nindakake amal shalih. Niku pinangka tetembungan ingkang migunani tumrap awake dhewe. Sae nalika kita tasih gesang, utawi nalika kita sampun seda.

Wonten cariyos tiyang kafir maos kitab tauhid. Banjur mlebet agami Islam. Lajeng piyambakipun sregep ngudi ngelmu. Satemah dados da’i ingkang ajak ajak ewonan manungsa lumebet agami Islam. Ganjaran ageng dipun paringaken kegem piyambakipun. Semanten ugi dipun paringaken kagem penulis kitab tauhid ingkang sampun seda. 

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ يغفرلكم إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

————————————————————-

KHUTBAH KAPING KALIH :

اَلْحَمْدُ ِللهِ  …اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِي هَدَانَا لِهٰذَا. وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ  

وَ اَشْهَدُ اَنْ لۤا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ وَاحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ، وَ اَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ

Ma’asyiral muslimin, jama’ah shalat jumat ingkang tansah dipun Rahmati dening Allah ta’ala. Nalika wonten tiyang seda diparingi ganjaran ingkang mbayu mili. Semanten ugi wonten tiyang seda diparingi dosa ingkang mbanyu mili. Kulak dosa adol memala. 

Wonten amal jariyah wonten ugi dosa jariyah. Dosa ingkang tansah mbanyu mili senadyan manungsanipun sampun seda na’udzubillah min dzalik.
Kanjeng nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh :

وَمَنْ سَنَّ فِي الْإِسْلَامِ سُنَّةً سَيِّئَةً، كَانَ عَلَيْهِ وِزْرُهَا وَوِزْرُ مَنْ عَمِلَ بِهَا مِنْ بَعْدِهِ، مِنْ غَيْرِ أَنْ يَنْقُصَ مِنْ أَوْزَارِهِمْ شَيْءٌ

“Sapa wonge ngurip urip sawiji sunnah kang ala (maksiat) ana sajroning agama Islam. Dheweke bakal nampa dosane. Lan nampa dosa saben manungsa kang nindakake maksiat mau sawise mati. Kanthi ora nyuda dosane para manungsa mau.” (HR Muslim : 1017).

Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam ugi nate paring dhawuh :

لَيْسَ مِنْ نَفْسٍ تُقْتَلُ ظُلْمًا، إِلَّا كَانَ عَلَى ابْنِ آدَمَ الأَوَّلِ كِفْلٌ مِنْ دَمِهَا لِأَنَّهُ أَوَّلُ مَنْ سَنَّ القَتْلَ أَوَّلًا

“Ora ana manungsa kang dipateni kanthi cara zalim. Kajaba anake Adam sing mbarep melu nampa dosane. Sebab dheweke kang sepisanan miwiti dosa mateni.” (HR Bukhari : 7321).

Pramila saking menika, saben manungsa ingkang tumindak dosa mateni tiyang sanes. Piyambakipun sampun ngirim jatah dosa kagem anakipun nabi Adam ingkang mbajeng. Sebab piyambakipun ingkang marai lan miwiti tumindak dosa kalawau naudzubillahi min dzalik.

لِيَحْمِلُوا أَوْزَارَهُمْ كَامِلَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَمِنْ أَوْزَارِ الَّذِينَ يُضِلُّونَهُمْ بِغَيْرِ عِلْمٍ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ

“Pangucape njalari dheweke padha mikul dosa dosane kanthi sampurna ana ing dina kiamat. Lan mikul dosane wong wong kang wis disasarake kanthi tanpa ngelmu. Pada mangertia mendah kaya ngapa eleke dosa kang bakal dipikul.” (QS An Nahl : 25) .

Imam An Nawawi ugi nate paring katerangan bilih sinten tiyang tumindak dosa lan nalisir saka paugeran syariat. Banjur ditindakake dening tiyang kathah. Piyambakipun badhe nampi lan mikul dosanipun tiyang kathah kalawau. 

Semanten ugi tiyang ingkang sampung nyontoni tumindak syirik, maksiat, bid’ah. Lajeng dipun tiru dening tiyang kathah. Ateges dosanipun tiyang kathah dipun byukake dhumateng piyambakipun senadyan sampun seda. Dosanipun tansah mbanyu mili tanpa mandheg.

Yekti mesakaken saestu kahananipin tiyang tiyang ingkang sampun seda. Dipun kubur tanpa daya menapa menapa. Ananging dosanipun tansah mbayu mili. Satemah pasiksanipun ugi saya kathah lan saya nggegirisi.  

Mila kula panjenengan sedaya kedah tansah eling lan waspada. Saking tetembungan lan tumindak ingkang alit. Saged dados jalaran manungsa ketiban dosa gedhe ingkang tansah mbanyu mili. Lan dados sebab jumedhulipun kemaksiatan kemaksiatan sanesipun ingkang kathah. 

Tuladhanipun tiyang sadean rasukan piyantun setri ingkang boten nutup aurat. Nalika rasukan kalawau dipun agem dening piyantun setri wonten papan papan umum sajawinipun griya. Piyambakipun ngetingalaken auratipun. 

Dosanipun ugi mbayu mili dhumateng bakul rasukan kalawau. Pramila saking menika ampun ngantos kita menika sadean ananging ugi kulak dosa adol memala. Malah kulak dosa ingkang tansah mbanyu mili dhumateng kita. 

Kosok wangsulipun nalika wonten bakul sadean rasukan ingkang islami. Rasukan ingkang nutup aurat. Lajeng rasukan kalawau dipun agem dening kaum Muslimah. Bakul rasukan kalawau ugi pikantuk jatah ganjaranipun. 

Semanten ugi akun akun sosial media wonten internet. Ingkang nyesatake umat Islam. Utawi nyebaraken ajaran ajaran ingkang sesat arupi kesyirikan, kemaksiatan. Dosanipun tansah mili senadyan manungsanipun sampun seda. 

Pramila kita sedaya kedah taqwa dhumateng Allah ta’ala. Ajrih dhumateng Allah ta’ala. Gesang ing ngalam donya menika namung kaping setunggal. Boten pareng sembrana, cekap kita niki nglempakaken kesaenan sakathah kathahipun. 

Menawi saged nindakaken amal jariyah prayogi enggal dipun tindkakaken lan boten sah ngentosi sesuk sesuk.

Menawi anggadhahi arta dipun waqafaken. Menawi anggadhahi ngelmu dipun gethok tularaken dhumateng tiyang sanes. Menawi saged nuturi tiyang sanes dipun tindakaken. Mugi mugi kanthi mekaten nalika kita sampun seda mbenjang. Badhe wonten ganjaran ingkang tasih mili kagem kula panjenengan sedaya. 

إنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيمَ، إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ

إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتْ

اللَّهُمَّ آتِ نُفُوْسَنَا تَقْوَاهَا وَزَكِّهَا أَنْتَ خَيْرُ مَنْ زَكَّاهَا أَنْتَ وَلِيُّهَا وَمَوْلَاهَا

اللهم اغفر لنا ما قدّمنا وما أخرنا، وما أسررنا، وما أعلنا، وما أسرفنا، وما أنت أعلم به منا،

أنت المقدّم وأنت المؤخر، لا إله إلا أنت

رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Dening : Ust. Abul Aswad Al Bayaty, B.A


Download file pdf naskah Khutbah :

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button