Layang Pitakonan (Tanya Jawab)

Nandur Tauhid Dhumateng Tiyang Sepuh

Pitakonan : Pripun caranipun nandur tauhid dhumateng tiyang sepuh? Sampun kersa shalat ananging tasih pitados dhumateng dukun.

Wangsulan : Nggih diajak ngaji. Menawi dereng kersa ngaji nggih ditumbaske parabola (TV Islami), supados tiyang sepuh niku saget mirsani siaran siaran pengajian ingkang maringi piwucal tauhid lan sunnah.

Utawi dipun downloadaken pengaosan Ngangsu Kawruh (wonten Youtube). Supados tiyang sepuh niku saget nonton.

Ora nontone niku namung video video ingkang boten cetha. Video video ingkang boten maringi piwucal kesaenan Isinipun dhagelan, ngalor ngidul lan sapiturutipun. Boten sae lan kurang prayogi.

Lan ingkang boten kalah penting. Anak niki kedah tansah donga’aken kesaenan dhumateng tiyang sepuh kalih.

Lan boten kalah penting ugi. Anak niki kedah ndandosi akhlakipun dhumateng tiyang sepuh kalih. Kadhang kala tiyang sepuh niku boten kersa ndhahat aturipun anak, merga si anak niku akhlake boten sae.

Kita sedaya pinangka anak niku kedah mbukte’ake dhumateng tiyang sepuh. Bilih nalika kita sampun ngaji niku wonten owah owahanipun (perubahannya). Sing maune boten nurut, bar ngaji dadi luwih nurut. InsyaAllah menawi jenengan matur wonten ngarsanipun tiyang sepuh, tiyang sepuh niku luwih kersa manut lumantar akhlak ingkang sae.

Ananging, menawi jenengan dhumateng tiyang sepuh boten nate anggadahi akhlak ingkang sae. Boten nate nyaosi hadiah, boten nate nyaosi arta. Boten nate numbaske boga kelawan wastra dhumateng tiyang sepuh.

Terus jenengan ujug ujug ngajari dhumateng tiyang sepuh, nggih tiyang sepuh niku rumangsa dikilani dhadhane.

“Kowe bayi wingi sore we kok arep ngilani dhadhaku, arep ngidoni raiku?!”

Terus jenengan yo matur ; “Lha apa kowe yo wani karo aku po piye?! Suntaken gamanmu leganing atiku..!”

Bapakne kon nyuntak gamane yo dadi sumbar ; “Prayitna sing ngati-ati thole..!”

Malah dadi perang niku mangke, anak kalihan wong tua.
Na’udzubillahi min dzalik..

Dados akhlakipun kedah dipun dadosi. Tiyang sepuh dipun caosi hadiah, dipun tumbaske parabola, utawi dipun downloadke ceramah ceramah ingkang isinipun tauhid. Dipun donga’aken kesaenan wonten wekdal wekdal ingkang mustajabah.

Wallahu ta’ala a’lam.

Dipun wangsuli dening : Ust. Abul Aswad Al Bayaty

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Back to top button