Poster Dakwah
Kewajibane Wong Lanang

KEWAJIBAN SING PALING PENTING TUMRAPÉ WONG LANANG IKU NGAYOMI ANAK LAN BOJONÉ SAKA SLÉNGÉTAN GENI NERAKA
.
Akeh wong lanang nyambut gawé golék rejeki diréwangi njungkel njempalik.
.
Sikil dinggo sirah, sirah dinggo sikil, mung kanggo nyenengaké anak bojoné.
Nganti dhéwék’é lali menawa iku dudu kewajibané sing paling penting.
.
Allah ta’ala dhawuh :
قُوا أَنفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
“..Jaganen awakmu lan keluargamu saka sléngétan geni neraka..”
(QS At-Tahrim : 6).
.
✍🏻 Ustadz Abul Aswad Al Bayati
