HUKUM WONG WADON NYAMBUT GAWE NENG LUAR NEGRI

Pitakonan : Bagaimana hukumnya bekerja sebagai TKW (Tenaga Kerj Wanita) di luar negri? Bagaimana hukum gajinya? Apa boleh sebagian disedekahkan bagi yang kurang mampu?
Wangsulan : Niki prayoginipun dipun tebihi, sebab Kanjeng Nabi salallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh ;
لَا تُسَافِرِ المَرْأَةُ ثَلَاثًا، إلَّا وَمعهَا ذُو مَحْرَمٍ
“Wong wadon iku ora kena nindakake safar lelungan adoh kajaba kudu dikancani dening mahrame.” (H.R Muslim : 1338)
Kejawi, nalika TKW kala wau nyambut damel wonten luar negeri sesarengan kaliyan garwanipun. Sing kakung nyambut damel nyopir, sing setri sadean wonten toko umpamanipun. Sing kakung sadean sega kucing, sing setri sadean kurma umpaminipun.
Ning nalika piyantun setri mangkat dhewe tumuju luar negeri boten wonten kancane, bapake boten ngeterke, garwane boten ngeterke, putrane nggih boten, niku dipun larang dening Nabi Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam.
“Nanging pripun nggih.. wonten luar negeri niku blanjane (gajine) nggih luwih akeh..”
Alhamdulillah kita mitadosi bilih Allah subhanahu wa ta’ala tansah maringi rejeki dhumateng sedanten titah wonten pundi mawon dheweke mapan. Ampun gadahi pamanggih, “Aku nak ra neng luar negeri ora duwe duit”. Kleru gedhe niku.
Kathah sedereke awake dhewe niku gesang wonten desa, nyambut damel wonten ngomah, malah dadi wong sugih. Sing nyambut gawe wonten luar negeri malah duite entek nggih kathah.
Ewodene sedhekahipun niku hukumipun halal, sauger nyambut damelipun niku nyambut damel ingkang halal.
Menawi nyambut damel wonten luar negri dadi juragan othok (judi) umpaminipun. Niku nggih haram gajine. Nek disedekahke dheweke nggih boten angsal ganjaran.
Ning menawi wonten luar negeri nyambut damel dados guru, pendamelan pendamelan sing halal, rejekinipun ugi halal. Senadyan dheweke mangkate niku pikantuk dosa. Sebab piyantun setri kok mangkat dhewe boten diterke mahrame. Ananging gajinipun tetep halal. Sauger nyambut damelipun menika pendamelan ingkang halal. Wallahu a’lam.
: : Dipun wangsuli dening :
Ust. Abul Aswad Al Bayaty