Amalan kang Ditresnani Allah ana ing Wiwitan Wulan Dzulhijjah
- Rasûlullâh Shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh :
مَا مِنْ أَيَّامٍ اَلْعَمَلُ الصَّالِحُ فِيْهَا أَحَبُّ إِلَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ مِنْ هَذِهِ الأَيَّامِ، يَعْنِيْ أَيَّامَ الْعَشْرِ. قَالُوْا: يَا رَسُوْلَ اللهِ، وَلاَ الْجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ؟ قَالَ: وَلاَ الْجِهَادُ فِيْ سَبِيْلِ اللهِ، إِلاَّ رَجُلٌ خَرَجَ بِنَفْسِهِ وَمَالِهِ فَلَمْ يَرْجِعْ مِنْ ذَلِكَ بِشَيْءٍ.
Ora ana dina, ing dina kui mau sawijining ngamal shaleh luwih ditresnani dening Allah Azza wa jalla ngluwihi ngamal shaleh kang ditindakake ana ing dina-dina iki (yaiku sepuluh dina kawitane wulan Dzulhijjah)”.
Para shahabat matur :
“Dhuh Kanjeng Nabi, punapa (ngamal kalawau) ugi langkung utami tinimbang jihad fii sabilillah?
Kanjeng Nabi shallallahu alaihi wa sallam dhawuh :
” Kalebu luwih utama katimbang jihad fii sabilillah, kajaba wong kang lumaku kanthi jiwa lan bandhane (tumuju peperangan), lan ora ana kang bali saka dheweke (dheweke mati syahid)”.
(H.R Bukhari no.969)